Jumat, 25 Januari 2013

WIS DADI KORBAN LAKALANTAS MALAH TAMBAH DADI TERSANGKA




Banyumas (Kayakiye-News). Dulur kiye miturute njenengan pada kepriwe kiye nek ana kasus sing kaya kiye, apa pendapate rika pada.

ceritane kaya kiye Ibu Ninik Setyowati (45), warga Dalan Mahoni V Nomor 194 Perumahan Teluk , Kecamatan Purwokerto Selatan, korban senggolan mbi trek gandeng enam wulan wingi, teksi turonan baen mergane sikil tengene tugel bekas ketlindes trek gandeng sing senggolan mbi deweke.

Ibu kae siki di dakna tersangaka merga anake wadoh sing jenenge Sekar hamidah (11) mati ke tlindes nang trak gandeng sing senggolan pas tes njemput anake sekang pantia asuhan Darmoyuwono neng dalan Supriyadi.

Korban boncengan mbi anake Sekar hamidah (11) balik maringumah numpak motor mbi nopol R2120TA meng ngulon pas lagi maring ngulon kang wetan ana trak gandeng nopol AE-8379-UB nyenggol deweke sing marekna ibu Ninik tiba terus juga mbi anake ngasih mati ketlindes trak, terus bu Ninik dewek sikil tengen ketlindes trek ngasih tugel balunge, jerene wis rawat ngasih entong 300ewuan, sing marekan stres maning deweke urung mari sekang penyakite sing sikil tugel kue malahan ana penyelidik kang polres banyumas sing ngomonge deweke dadi tersangka, merga wis lalai ngasih anake wadon mati kenang trek gandeng.

Kapolres Banyumas AKBP Dwiyono SIK MSi, pas di takokna nang rekan pers sekang KR jogja jerene kecelakaan kue merga kelalean ibu Ninik sing ora ngati-ati sing marekna anake dewek mati lan deweke nganti tugel balung sikil tengene, iku berdasarkan 5 saksi sing uis di periksa.

tapi jere Djoko Sudanto SH, Kuasa Hukum Ninik Setyowati, kiye udu kecelakaan tunggal tapi anu kesenggol trek gandeng dadine kudune polisi lewih bijak lah omonge pak joko sing dadi kuasa hukume pas di hub Kr Jogja.

kepriwe miture rika pada kiye sedulur !!!!

kang Asep ngelaporna go sedulur ngapak kabeh...

Tidak ada komentar:

Posting Komentar